WOOD WORKING
Bathik kasil kerajinan tèkstil ingkang ngginaaken malam (lilin) lan canthing kanggo mènèhi motif utawa gambar ing kain. Bathik wis suwé ana, kurang luwih kawit 2000 taun kapungkur. Asal tembung bathik ya iku ambathik saka tembung amba lan titik (basa Jawa) sing maknané: nggambar utawa nulis.
Werna-werna utama bathik Jawa ya iku werna biru nila lan soklat. Celupan biru lan soklat sing digabung kain putih iku dadi perlambang 3 déwa Hindhu (Siwa, Wisnu, lan Brahma).
Bathik iku uga salah sawijining cara gawé rerupan ing bahan sandhangan. Kejaba iku, bathik uga ngrujuk marang rong perkara. Sing sepisan, cara mernani (gawé werna) kanthi migunakaké malam kanggo nulak werna ngresep ing kain. Ing literatur Internasional, tèhnik iki ditepungi kanthi peparab wax-resist dyeing. Pangertèn kaloro ya iku kain utawa busana sing digawé kanthi migunakaké cara kasebut, kalebu kagunan motif-motif tartamtu sing kas.
Bathik ya iku kerajinan kang duwé pangaji seni dhuwur lan dadi pérangan kang ora bisa dipisahaké saka budaya Indonésia(mliginé budaya Jawa). Wong wadon Jawa jaman dhisik ndadèkaké ketrampilan ana ing babagan bathik dadi pagawéan, dadi ing jaman dhisik pagawéan mbathik duwé kalungguhan kang èksklusif nganti tinemu jinis "Bathik Cap" kang ana kamungkinan wong lanang bisa mlebu ana ing pagawéan mbathik iki. Ana pangecualian kanggo fénoména iki, ya iku bathik pasisir kang duwé garis maskulin kaya kang ana ing motif bathik "Mega Mendhung", bathik saka laladan pesisiran biyasané dilakokaké denong para wong lanang. Tradhisi mbathik wiwitané dadi tradhisi kang turun temurun, iku ndadèkaké sok sok motif bathik bisa dingertèni yèn iku bathik saka kulawarga ngendi.
Motif bathik kang dinggo bisa nuduhaké statusé wong. Saiki ana motif bathik mirunggan kang dinggo déning para kulawarga ing Kraton Yogyakarta lan Kraton Surakarta. Bathik dadi salah siji warisan leluhur Jawa kang nganti saiki isih ana. Bathik pisanan ditepungaké menyang nagara manca déning Présidhèn Soeharto, ya iku nalika ana ing konfrènsi PBB.
LORO BLONYO
kagem ningalaken kesan tuo utawi antik kagem kerajinan saking kajeng betah ketelitian lan ngelmu ingkang lumangkung.
Mboten sagenah tiyang saget mroses, kedah netah pengalaman lan kesabaran ingkang linuwih.
Wonten pinten2 ukuran kagem dekorasi interior ndalem panjenengan
Serat kajeng ingkang sampun kaproses badhe ningalaken kesan ingkang lawas sanget.







Comments
Post a Comment